TRAH-1
Pak Dhe Yo : yen ana tembung mburine ditambahi - ne' unine' o apa a.
ditulise' kaya unine' kuwi, mudheng ta.
Pak Dhe Masto :
Lara-né (lara = sakit)
Sega-né (sega = nasi)
Borok-é (borok = penyakit koreng di kepala)
Tuladha :
Corone (coro = nama hewan = jeneng kewan)
Carane (cara = cara menyelesaikan )
Paraga = (paraga = tokoh)
Kridha = (krida = tandang = perbuatan)
GEGURITAN TRAH
SWARGA
S = Swarga kuwi papan kang mulya
W = Wong sak jagat mlebu kabeh nggone isih sela
A = Aneha padha jegal-jegalan mrana
R = Ra mung njegal wong liya
G = Gaman lan bom digunakke kene kana
A = Arep mangkat nyang swarga dewe tanpa kanca
S = Swarga kuwi kagungane sing kuasa
W = Wewenange menungsa mung ndonga
A = Arep meksa ora bisa
R = Rumangsane sapa meksa-meksa
G = Genah nek wong ra cetha
A = Aneh ning nyata
S = Swarga jare nggone adoh banget
W = Wis genah yen dietung
njlimet
A = Awake malah dadi panas lan sirahe mumet
R = Rusak awake isoh dadi pangan renget
G = Gawe kisruh kana kene ben ruwet
A = Ajarane wong akale buntet
S = Swarga dadi rebutan
W = Watake dadi kaya kewan
A = Sing ora cocok dilawan
R = Rumangsane wis ahli swarga tenan
G = Gemblunge sing dienggo gaman
A = Arep mlebu swarga dewe kaya entuk pesenan
S = Swarga kosok balen karo neraka
W = Wis genah nek papan sing mulya
A = Apa ana wing ra cetha mlebu kana
R = Ra tanggung jawab jaman na
ngalam donya
G = Gaweane mung ngrembuk isine swara
A = Ananging wegah rekasa tumindak utama
S = Swarga apa syarate
W = Wis genah yen angele
A = Apa mung dirembuk esuk tekan sore
R = Rasanan karo kanca-kancane
G = Gaweyan ditingalne
A = Arep mangkat dewe ninggal kancane
S = Swarga kangen karo sapa
W = Wah mesthine kabeh ngaku rumangsa
A = Ana sing crita kaya tau mara rana
R = Rangkumane dongenge urut lan dawa
G = Gaweane mung crita karo crita
A = Ajak-ajak karo wong pendhak ndina
S = Swarga dadi rebutan
W = Wah yen ngene seru tenan
A = Anak bojo dadi mungsuhan
R = Rasane kunci swarga wis na tangan
G = Gemblelo tenan
A = Akeh sing padha kapusan
S = Swarga ana sing adol
W = Wonge nawake kaya tawa es dawet csndhol
A = Atine wong padha mendhongkol
R = Ra krasa dadi kecanthol
G = Kepencut swarga sing kekedol
A = Ajarane modhol-modhol
S = Swarga mlebune apa ora nganggu laku
W = gawe kabecikan sing ora isoh dituku
A = Atine samar yen kleru
R = Rembuk e alon ora kesusu
G = Genah abot yen ditiru
A = Akeh-akeh malah ora payu
S = Swarga jare ganjaran
W = Wah terus dha etung-etungan
A = Ana sing dadi yakin tenan
R = Rumangsa ngapling nggon impian
G = Gur ngetungi ganjaran
A = Aji-ajine crita karo wacan
S = Swarga dadi materi wigati
W = Dirembuk rina lan wengi
A = Anak bojo dadi lali
R = Rembuke alus nalika nawani
G = Gampang banget gaweyan iki
A = Apa ya gur ngono kuwi
S = Swarga ana sing diijolke neraka ben bathi
W = Wah jan edan tenan wong iki
A = Anane mung mbambung mbungahi
R = Ra kelingan ragane saya mretheli
G = Gek kuwi sapa sing ngajari
A = Anehe kok manut wae kaya sapi dikelohi
S = Swarga dadi kudhung
W = Watake jane mbambung
A = Atine peteng ngrembuyung
R = Rembuke empuk kaya jenang pohung
G = Gelem-geleme sing padha mendukung
A = Apa wong iki wis kena tlikung
S = Swarga nunut neraka katut
W = Wah dadi kepencut
A = Apa syarate nunut
R = Ragat okeh sing marake semaput
G = Gembruduk malu kaya semut
A = Akibate malah luput
S = Swarga padha diudi
W = Werna-werna sing dadi tradisi
A = Ana sing nganggo sesaji
R = Rumangsa hebat seneng ngajari
G = Githoke dewe nganti lali
A = Akeh semute jan medeni
S = Swarga nggo apus-apus
W = Watake kaya tikus
A = Ambune kaya wedhus
R = Ra rumangsa rakus
G = Gemblelo kaya kenthus
A = Ambune tengik ra tau adus
S = Swarga nggo sarana golek banda
W = Wong bodho dibujuk kay yak yak a
A = Aneha kok ya ana sing mara
R = Ragat gedhe nggo tiket swarga
G = Goblok tenan sing percaya
A = Apa ra mikir sing omong kuwi
sapa
S = Swarga dirembuk wani mati
W = Wong sing krungu mung clila-clili
A = Awan bengi dikandani
R = Ra perduli sing penting sing endi
G = Gek iki SK ka ngendi
A = Apa pikirane wis dikunci sing
ngandani
GEGURITAN TRAH
Asl
PASA
P = Pasa kuwi karepe ngampet
A = Apa wae sing diampet ana etungene
S = Sing pasa mesthine ngerti karepe pasane
A = Akeh sing padha nindakake
PASA WIJIB
P = Pasa wajib yaiku pasa sing kudu
A = Amarga sasine utawa amarga nadare
S = Sing nindake beda-beda niyate
A = Apa niyate sing ngerti awake dewe
W = Wong umum biasane kabotan
I = Ing ngati duwe gegayuhan
J = Jaman semana apa jaman saiki
I = Ing awak pancen ora karuan
B = Bethek-bethek e pingin nindake kuwajiban
PASA MBEDHUK
P = Pasa mbedhuk ya termasuk pasa terkenal
A = Anangin penggemara kanggo sing lagi ajaran
S = Sing nglarang akeh
A = Ananging sing ngentuki ya akeh
M = Mbedhuk entuk mangan ngombe jam 12 an
B = Bocah cilik-cilik umume akeh-akehe
E = Enek sing saking wedine
D = Dewekne dipeksa wong tuwane
H = Hebat rumangsane sing meksa anake
U = Umume ora becik dadine
K = Kamangka okeh sing bangga nindake
PASA SAPI
P = Pasa sapi iki golongan pasa guyon
A = Akeh sing nindake
S = Sapi ing kene karepe diusapi
A = Arep gojekan karo sing ora pasa
S = Sing wonge ora butuh pasa
A = Akeh-akehe ya bocah cilik
P = Penggemar dewasa ya akeh
I = ilmune pancen mung semono
MOKAH
M = Mokah kuwi mangan ora sida pasa
O = Oleh lan orane gumantung sebabe
K = Kudune wong liya ora susah masalahke
A = Awak sing ora sehat biasnae sebabe
H = Hasile warek wetenge mari ngelake
PASA NDINA
P = Pasa ndina ya kuwi pasa sedina
A = Awit durung Subuh nganti Maghrib
S = Sedina ngampet apa-apa
A = Akehe sing diampet gumantung wonge
N = Niyate wonge dewe sing ngerti
D = Diniati golek ngirit sapa sing ngira
I = Isohe wong liya mung nonton akibate
N = Nonton tingkah laku hariane
A= Apa ya ana hubungnae kare ngampete
PASA NDAWUT
PASA NGEBLENG
PASA NGROWOT
PASA MUTIH
SALAH
S = Salah kuwi kleru marang wong liya
A = Apike ya enggal njaluk ngapura
L = Lan sing penting ora dibaleni
A = Aja nganti malah ora ngakoni
H = Hasile bakal tentrem atine
LUPUT
L = Luput sak teges karo kleru
U = Umume ya luput marang wong liya
P = Pikirane wong urip pancen ora ajek
U = Umuk lan neka-neka isoh ndadeke mala
T = Tundhone gawe luput utawa salah
KELIRU
K = Keliru luput lan salah meh padha tegese
E = Ewasemana sok beda cak cak ane
L = Liru beda manggone kleru luput lan salah
I = Iku pancen wis dadi sandangane wong urip
R = Rumangsa istimewa dewe
U = Uga becike enggal dibenerke
DOSA
D = Dosa kuwi salah luput lan keliru
marang sing gawe urip
O = Ora ana liya obate kacoba mertobat
S = Sak bias-bisa ora dibaleni
A = Amarga kuwi tuk e bebaya
NGAWUR
N = Ngawur kuwi tumindak sing tanpa etungan
G = Gamane mung nekad karo nekad
A = Atine peteng kaya wengi tanpa mbulan
W = Wusanane atine malah kisruh dewe
U = Umume ditindak ake wong sing bingung
R = Rumangsa uri ora ana etungan
GEGABAH
G = Gegabah meh padha karo ngawur
E = Elok lan becik kanggone sing nglakoni
G = Gawe miris sing nyawang
A = Atine atos ra kena dikandani
B = Becike ora ngono kuwi
A = Ati kudu kerep dijak omong-omong
H = Hebat menet yang nggugu suarane ati
MBAMBUNG
M = Mbambung ki ya meh padha karo ngawur
B = Bunek atine marga ringkih kepercayaane
A = Anane mung golek seneng
M = Marine yen wis kejebles jebles
B = Batine dewe diselaki
U = Unggah-ungguh ora direwes
N = Nunjang palang sak karepe dewe
G = Genah ambyar yen diterus-teruske
NGEDAN
N = Ngedan kuwi jane ora edan
G = Gen tumindake ora disalahke wong liya
E = Elik apik ora digagas
D = Donyane peteng ndhedhet
A = Atine bunel kaya bolah ruwet
N = Nubras-nubras jan ora waras
NGAWUT
N = Ngawut ya meh padha karo ngedan
G = Genah dudu dalam marang katentreman
A = Anane mung becik rumangsane
W = Wis ora digunake kupinge
U = Ujas-ujus ora genah tumindake
T = Tundone ya mung kepingkel-pingkel uripe
GENDHENG
G = Gendheng jane jeneng lelara
E = Emane iki ya dadi tingkah laku
N = Nalare blas ora dienggo
D = Donyane dikira duwekne dewe
H = Hebate rumangsa hebat
E = Embuh isoh mari ora wong model iki
N = Najan kethoke waras
G = Githoke sing ana mburi lali ora ditiliki
NUNJANG PALANG
N = Nunjang palang genah cetha masalahe
U = Umume wong ngantuk apa ngalamun
N = Nalare buntet
J = Jagate rupek
A = Atine sumpek
N = Nanging isih mlaku mrana-mrene
G = Gabrus palang ditendhang
P = Pikirane ora padhang
A = Amarga okehe penandhang
L = Lali kudu mandhek ngarep palang
A = Anyel dewe atine ora isoh padhang
N = Ning sing weruh ya mung bias nyawang
G = Gentayangan kaya layangan
NGEYEL
N = Ngeyel kuwi mbantah wong liya
G = Gur salah benere during cetha
E = Embuh sapa sing nindake
Y = Yen sing genah wong beda panemune
E = Enak uga sok benere
L = Lan sok uga mung marga seling surup wae
MBANTAH
M = Mbantah meh padha karo ngeyel
B = Biasane marga ora padha panemu
A = Apik isoh elek ya isoh
N = Nanging umume dadi rame
T = Tur dadi mungsuhan
A = Angel pancen nata ati
H = Hebat yen padha enggal ngrumangsani
NGOTOT
N = Ngotot meh padha karo ngeyel
G = Gur iki luwih marga otote nganti metu
O = Omongane banter gedhe volumene
T = Trus matane arep malih abang
O = Obate angel yen wis kebacut
T = Trima ngalah wae yen ketemu wonge
MURSAL
M = Mursal kuwi tumindak
U = Umume wong sing ringkih kepercayaane
R = Rumangsane urip tanpa etungan
S = Salah bener ora diurus
A = Anane mung sak karepe dewe
L = Lumrahe wong sing ora dienggo kupinge
NEKAD
N = Nekad sok apik sok ora
E = Elek apike gumantung perkarane
K = Kendel sing dadi modale
A = Atine tetek lan mantep
D = Diniati wani mbuh mengko dadine
DUKDHENG
D = Duk dheng umume karepe becik
U = Undhuh-undhuhane wong duwe gaman
K = Kaprawiran apa kadonyan
D = Dewekne gedhe piyandele
H = Hebat kadonyane
E = Elek apike nonton masalahe
N = Nanging biasane okeh apike
G = Gunane nggo ngeyem-yemi kancane
LOMA
L = Loma kuwi wong sing seneng menehi
O = Ora eman
M = Malah atine seneng yen bisa menehi
A = Akeh sing mbuthke
CETHIL
C = Cethil kuwi wong sing eman nyang duweke
E = Elek akeh-akehe
T = Tega weruh wong liya sengsara
H = Hebat yen isoh mari
I = Iki marga wedi ora bathi
L = Lumrahe malah kerep rugi
BOROS
B = Boros kuwi ngetoke tanpa etungan
O = Omonge ya melu nrocos
R = Rumangsane duwe kedhung dewe
O = Ora eling kabeh ana watese
S = Sing dipikir mung saiki enake
GEMI
G = Gemi kuwi budi pekerti
E = Eman ning kanggo paneliti
M = Milah-milih ngati-ati
I = Iki becik yen bias diugemi
PERANGANE AWAK
RAMBUT
R = Rambut manggone ana sirah
A = Anak sing jejek anak sing brintik
M = Maneka warna rupane
B = Beda bangsa beda werna rambute
U = Uga beda dawane lanang lan wadon
T = Tundane nambahi bregas lan patut piyayine
TANGAN
SIKIL
PERANGANE KEWAN
KODHOK
K = Kodhok jare teka-teka dhodhok
O = Ora ana kodhok ngadek
D = Dicekel ya ora gampang
H = Hebat pinter mencolot
O = Ora mlaku karo lembeyan
K = Kecemplung mbanyi ora papa
PITIK
P = Pitik kelebu kewan sing diopeni
I = Isih cilik-cilikan
T = Ternek gedhe ya akeh
I = Ing karep dijupuk daginge
K = Kelebu uga endoge
KUCING
K = Kucing jeneng kewan sing lulut
U = Umume diopeni wong
C = Cacate seneng nyolong
I = Iwak na piring dipangan tanpa nembung
N = Nekat pancen
G = Gemes sing weruh ning ya diapura
WEDHUS
W = Wedhus kalebu kewan sing diopeni
E = Enak yen wis dadi sate
D = Dibakar ditongsung apa digule
H = Heboh yen sing mangan darah tinggi
U = Usahane ya dikurangi
S = Sing sehat pancen ora kena dimereni
SIFAT WONG
JAJAN
J = Jajan kuwi mangan ana paran
A = Ana warung apa restoran
J = Jalaran hobi apa marga ngomah kapiran
A = Ananging duwite kudu ora mung pas-pasan
N = Nek duwit kurang bias kewirangan
NJAJAKE
N = Njajake kelebu tumindak sing abot rasane
J = Jan abot tenan ditindake
A = Amarga eman apa amarga ora nduwe
J = Jan akeh sing ora seneng njajake
A = Akeh sing seneng dijajake
K = Kalebu aku dewe
E = Enak pancen dijajake
DIJAKJAKE
Komentar
Posting Komentar